Jumat, 24 Oktober 2008

Waduh, Ketinggalan Informasi Aku, Rek


Waduh, Rek.... Beberapa kali buka email gak sempat moco dengan seksama, ternyata banyak sekali ketinggalan informasi. Salah satu yang membuatku gelo nemen adalah rencana pertemuan tanggal 1-2 November ini di Jakarta. Sak jane aku yo kepingin nemen isok melok kumpul-kumpul nok Jakarta sekalian mentertawakan diri sendiri ndelok gak nggenahe awakmu biyen.


Nur Ali Widyanahar, where R U now? Isik sregep ngaji midley dengan nyetel Gun N Roses? Rosihan terakhir ketemu nok Jakarta waktu pameran buku, ndelok fotomu sing diposting Lena dadi kelingan pas perpisahan nok omahmu, Rek. Sorry, sing nok mburimu iku jenenge sopo? Aku lali sak plengan aku, Rek.O ya, onok sing nduwe daftar anggota keluarga besar 3-A-1-1?


Cek gak lali, Rek. Juga plus konco-konco liyane. Aku ndelok Evan, nek gak ngerti fotone disik, pangling aku. Onok sing gak pangling rupane, tapi lali jenenge. Lena, alhamdulillah aku gak lali. Tapi sing tekok Sambong nggawe celono Jeans cedeke wong Londho, jenenge sopo iku? Sepurane, Rek. Aku kelingan nemen karo Ente, tapi kadang rodo-rodo lali jenenge.


Lha wong ambek Rudy ae, wis yakine polll nek konco Sigma, tapi isik ragu-ragu ketika arep nyopo. Opo maneh terhadap teman-teman putri. Sing uapale nemen Lena, Voni (iku ae nek pangling sak iki) & Siti.Dody nang endi sak iki? Isik dadi kontraktor? Terakhir ketemu blonjo nok Toko Busana Muslim An-Nisaa Yogyakarta. Bojone dosen UII.


Titis Juliadi, ketua kelas kita, sak iki nok nJombang dadi guru SDIT. Karyo Utomo sudah mendahului kita tak lama setelah lulus. Hasanuddin, onok sing ngerti kabare?


Salam, MOHAMMAD FAUZIL ADHIM

3 komentar:

Anonim mengatakan...

Ancene Fauzil iku payaaah pooolll...

Ketemu ambek aku, wes ngobrol 10 menit kaet takon "sepurone yo, jenengmu sopo?"

Gak sooopaaaannn blaasss...!

(PW)

Anonim mengatakan...

Faudzil adzim ....
masa itu, sampean iku koyoke temen paling terkemproh nang sigma. kemproh tapi sangat berkarakter (bukan karakter kemproh lho). sangat berkarakter sosial dan budaya nya ...
he he he
but now ... weleh weleh,

Anonim mengatakan...

sak jane aku gak tego kate ngomong "kemproh" tapi mergo onok sing ndisiki...tak tambahi komentare...

Pancen ndisik iku aku yo ndelok fauzil kesane emang kemproh tur jorok gitu... mosok klambi sing digawe wes jamuren, trus teles keploh mergo kringet...ditambah mungkin gak garing nang jemuran, dadi ambuneee...kueecuuuttt...
hahahahaaaaa....

Tapi ojok salah rek saiki....
areke ngguantheng... putih... resik... klambi2ne mewah... luuweemu pisan.... mentolo mbeleh pokoke...hahahahahaaaaa...